Puisi: Dasawarsa

Sumber Foto: Www.kibrispdr.org

Oleh: Inchi

Sedoyo tasih sami
Sepuluh tahun kepungkur
Rikala kula dugi ing panggonan niki
Soca kalih ingkang mirsani garwa
Kanthi sedhih mireng lisan kang ngrintih
Atine sansaya keiris

Sepuluh tahun kepungkur
Soca niki, soca ingkang sami
Nyawang hawa sepi
Ngambu gandha agemane garwa
Kanthi pasuryan kang mbribik
Kaya ing jaman kepungkur

Duh, Gusti, kula gumun
Tumprap katresnan kang sudha
Tumprap sih ingkang suci
Mboten luntur kalih wektu
Mboten malih babar pisan

Tiyang jaler netesake eluh ing pipi
Maneh, kaya sepuluh taun kepungkur

Geneya dheweke nangis?
Nopo amargi kangen kalih garwane?
Geneya dheweke nangis?
Geneya dheweke mboten bungah?

Sanajan kula mriki ajeng mbeto dheweke
Kondur marang garwane, ingkang sampun dugi nirwana

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *