Puisi: Selir Baskoro

Sumber Foto: Pinterest

Oleh: Zakya Zulvita

Raden ayu, kang mas
Kulit Langsat lan Alus nampak apik ugo ketabrak rino
Bait-bait syair kang katulis
Mboten ngambah paripurnanipun sinar kang agung meniko

Kembang mekar iku
Katon wangi semerbak
Ibarat melati anyar kang gandul ana mustaka Temanten
Dipupuk alus lan digondeli kang sami sesawang
Diambung gembranang lan paripurna ning wit-witan

Digdaya ayu
Ora ngejamin laku tentrem ugo Mulyo, kang mas
Tutuk ngucap nganti ngecap
Mripat sanes ingkang ningali mboten dusto
Damel sumpah nimas ing panjenengan

Lelayu nanging ikhlas
Nimas ungkap dateng kang mas
Welas ugo katresnan mboten luntur ing jeru Pangarepan ati nimas

Kreteg nimas ting mriki
Ugo hayat lan mati
Gusti kang mberkati
Pengeran kang njogo ati nimas

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *